Sepira dedeging jagad kang dinuding mata?
Ora ana sing bisa ngukur,
Kejaba rasa ing teleng atimu
Lan Gusti Kang Maha Kuasa.
Le,
Aja rumangsa kaduk linuwih-luwih
Tur, aja nggrangsang tanpa upama
Dadia satria kang sugih
Kebak pangerten marang sapada
Le,
Aja gampang dakwa luput
Marang kahanan kang rinasa salah
Amarga samubarang sarwa rinuntut
Gawe sinau ngungkuri urip kang bubrah.
Le,
Apa kang cinarita saka lathi
Apa kang sumorot saka gebyaring dunya
Ora bisa kasebut kamulyan sejati
kajaba tutug, teteg lan tataging anggonmu ngolah rasa.
Le,
Tak kudang-kudang muga dadia dunga
Gedhea bebarengan karo tetembangan mangsa
Umpama ana rasa kang nggandholi jangkah
Ndang nyuwun ngapura, nangisa neng sajadah.
Le,
Ndang budhal, pertiwi wis ngawe-awe
Tlatah peperangan wes molah-malih rupa
Ojo rumangsa kowe njangkah dhewe
Dunga Bapak-ibu dadia senjata.
E.A.T
Surabaya, 26 Agustus 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar